Tuesday, January 24, 2012

Humor: Pitutur Boso Jowo

Prabu Joyoboyo nate ngendiko:

Dunyo iki wis tuwo,
Wis tuwo tur keronto-ronto.
Contone akeh putro wani karo wong tuwo,
Akeh joko dadi dudo,
Akeh dudo ngaku joko,
Akeh prawan nglairke putro tanpo bopo,
Akeh rondo towo-towo rogo.
Jare ra penak yen ra dikancani joko.
Akeh omah ibadat ra tau disobo.
Sing disobo malah omahe germo.
Dijak ibadah mesti semoyo.
Jare sambat boyok'e loro.
Sing meneng berarti rumongso.
Sing mesem?lan nggguyu berarti kulino.
Elingo yen sakwayah-wayah dipundut sing kuwoso.
Ora enom ora tuwo.
Malaekat podo ngincer sing leno.
Mulo jo lali ibadah madhep sing kuwoso.
Yen mati ben mlebu surgo.
Yen mlebu surgo jo lali BB-ne digowo.
Ben iso ngabari lan BBm-an karo konco2.
Yen mlebu neroko BB-ne ra usah digowo, amargo sinyale ra ono!

No comments: